Blog Posts » Hiburan » Iseng iseng

Iseng iseng


Wolak waliking jaman
Biyen motor nganggo spion siji ketok gahool. Ketok ndemes, ketok pantes, tur ketok bagus nek lanang, nek wedok ketok ayu. Wong nganggo spion dobel diarani 'ndongo' karo diolok-olok.
Saiki weruh motor spione siji kok rasane risi.
Mbiyen nganggo helm ciduk ketok apik, mbejaji, tur wangun sak wangun-wangune. Opo meneh jamanku (2005-2006-an) helm ciduk putih berstiker baby fox. Jian ngetoki nek sing numpak kui ayu masiyo didelok seko mburi. Tambah meneh nek rambute kui potongan model shaggy (nek rasalah ngarani). Ning kui nek sing nganggo helm wedok.
Ha saiki, helm ciduk ar ge nyiduk banyu we wong do wegah. Opo meneh og ar dinggo bermotor. Ming didoni uwong nang ndalan

    Date created: Wed, 09 Mar 2016 18:29:05 +0700
  • Date modified: Wed, 09 Mar 2016 18:33:20 +0700
  • Viewed: 1693 times
  • Label: Hiburan
  • Share: Facebook, Twitter
  • Comm.: View (0) · Write